SOTO GOMBONG PASAR WONOKRIYO

Salam ngapak utamane kanggo warga Karanganyar -Gombong Kebumen.Inyong arep crita kuliner khas Kebumen sing jenenge Soto Gombong.Ngapa mburuni ana tambahan jarene jaman biyen soto sing didol nang Gombong terkenal paling enak di banding soto liyane nang wilayah Kebumen.

Inyong sing cilikane manggon nang cedhek pasar Karanganyar ya sering jajan Soto.Ning ya tak akoni rasane isih kalah karo soto sing di dol bakul Gombong.Apa maning akeh sing melegenda nganti jaman siki.Ana Sopo Nyono,Soto pak Min,Soto pak Wito,bakul soto  liyane ora kalah rasane..

Liburan tahun baru wingi omahku Jogja ketekan rombongan sedulur saka Kalimantan,Jakarta.Seliyane plesiran nang obyek wisata nyicipi jajan kuliner khas jogja Gudeg,bakwi jawa,ora ketinggalan lesehan kopi jos nang jalan Mangkubumi.Jaman siki kuliner dadi daya tarik wisatawan mulane ana istilah Wisata Kuliner.

Nah baline nang jakarta dulurku ngajak inyong.Seliyane arep nyekar nang pasarean golet jajanan khas kebumen.Jane kepingin nyicipi enggeng nang alun-alun apa sate blok blok ngarep pasar Karanganyar ning kudu nunggu sore.Sidane nang karanganyar mung tuku lanting,Satu,jipang.Dulurku tukune lanting 1 bal rasa iriginal kandane arep di bagi tonggo teparo mulane inyong terna pisan langgananku nang JATILUHUR.Seliyane luwih murah lantinge gawean dewek di jamin barang anyar dudu lanting lawas.

Soto Gombong Pasar Wonokriyo.

Tekan Gombong wis mandan awan pas weteng pingin diisi.Mlebu pasar ngliwati bakul CD dulurku mandeg kandane arep golet lagu.Jebule sing di goleti dudu lagu popoler jaman siki Pop apa Campursari ning  tayuban.Inyong dewek wis mandan klalen lagu tayuban sing kaya apa....?Jaman cilik tahu nonton di jak simbahku.

Rampung tuku lagu Tayuban langsung bablas menyang bakul Soto Langgananku.Menurutku sih paling enak di banding liyane,buktine jare bakule ben dina entek.Warunge arahe sekulone bekas terminal angkutan desa sisih lor.Seliyane soto bakule nyediani bakso ning grobake seje sing nglayani wong 2.Nek ora salah warunge pase ana  blog G cedhek karo bakul perabotan kaya pacul,arit,peso,bendo.

Tekan panggonan bakul soto lumayan akeh sing tuku.Kebeneran pas pojok susih kulon kosong ning kursine isih dadi siji durung di pasang.Ngerti bakule sibuk sidane mbukake dewek ben ora nganggu.Serombongan pesen soto kabeh bedane ana sing karo lontong,inyong soto ora nganggo lontong.

Lumayan suwe nunggone ana 15 menitan,untunge teh manis pesenan teka disit bisa tamba ngelak.Sidane Soto sing di tunggu-tunggu teka siap dipangan.Tambah sambal sitik,peresan jeruk,kecap khas kebumen cap KENCANA rasane Soto tambah sedep....mak nyus rasane.Weteng ngelih mau esuk nang jogja mung sarapan jajan pasar karo ngeteh ora suwe soto semangkok ludes.

Bakul CD nang pintu mlebu pasar wanakriya.


             Soto gombong jero pasar


                      Soto gombong 


angger wayah mangan rame sing tuku

Soto gombong pancen beda banget karo soto umume.Campurane isine werna-werna kaya : kecambah ijo,irisan kubis,suun,duwiran daging pitik(ayam),remukan krupuk budin,kacang goreng, plus perkedel saka buding(singkong).Kuahe khas banget  rasa kaldu  plus bumbu asli.Biasane mandhan kentel isine komplit banget.Perkedele bentuke bunder rasane gurih enak nang gombong jenenge LENTO.Wingi dulurku sing kangen  soto Gombong nambah  malah ora di campur soto dipangan kaya cemilan.

Jaman gemiyen Soto Gombong dipangan kaya jajanan ora di campur kupat.Ning siki kayane bakule akeh sedia dadi bisa sekaliyan mangan.Regane seporsine kaya pada jajan umume nek ora salah 12 ewu.Kanggoku wis cukup kanggo ganti mangan awan.

Rampung mangan soto dulurku mubeng pasar golet jajan liyane terus bablas bali Jakarta.Inyong bali jogja maning ora melu.Dipesen ibuku kon nggawa tempe,golak,gethuk karo kethek.Kandane nang lapak pasar paling lor ana bakule.Inyong mubeng pasar mung ulih tempe karo golak.Jarene wis kawanen tekane gethuk,kethek wis entek.Sidane inyong tuku tempe 4 iji sijine rega 2500 isine 2 digawe mendoan bisa dadi 6.Golake kari sepuluh iji tak tuku kabeh sijine rega 500.


           Tempe mendoan karo golak.


Komentar

  1. Casino Bonus Codes - Dr. MD
    If you have an 남양주 출장샵 account with the casino bonuses 시흥 출장안마 page you need to make deposit. Casino 나주 출장마사지 bonus codes have been released, and there are several casinos with Deposit Bonus: $20Free Play: 서산 출장샵 100% match up to $1,000Deposit Bonus: 100% match up to $1,000 밀양 출장마사지

    BalasHapus

Posting Komentar

post populer

TUJUH KULINER BAWAH JEMBATAN JANTI YANG PERLU DI COBA

MAS FAUNG PENJAHIT KELILING JOGJA

Taman Wisata Wana Griya PANTAI COGREG

Reperasi Tas&Koper Mas Kambari Depok

USAHA MAINAN DAN JAJANAN DI SEKOLAHAN TAK PERNAH MATI

SOL SEPATU MANG RIDWAN DI JALAN PROKLAMASI UJUNG DEPOK

BIKIN SOTO GOMBONG DAN MENDOAN RESEP DARI BISIK-BISIK

DARI MANA IDE SEBUAH TULISAN