Critane Ngapak Karanganyar: Mancing Gabus





Kedadeyan nalika aku isih manggon nang Karanganyar-Kebumen.Cilik biyen nduwe hobi mancing  ben dina gaweane mancing bali sekolah ora let suwe mangkat menyang kali apa kangkungan. Kebenaran omahe wong tuaku cedhek kali  karo kangkungan dadi dadi gampang jujugane.

Wektu semono dina Minggu wiwit esuk duwe rencana karo kancaku arep  dudul nang kangkungan.Sekalian jajal walesan apa wis mantep nggo dudul.Kanggo kanca daerah liya mbok menawa ora mudeng apa maksude mancing dudul.

Mancing dudul mancing nggo walesan pring utuh selonjor.Biasane pring sing akeh ditandur nang pegunungan dadi  ora gedhe kaya sing dienggo bangunan.Pringe dipepe disit tekan garing nembe bisa dienggo.Senare dawane siji setengahe walesan.Pancinge pilih sing ukuran gedhe ,duwur pancing ditambahi bekas isi bolpoin dawane cukup 2 cm.Maksude nggo masang pakane kodhok ben ora nyangsang.Mancing dudul jaman siki mungkin kaya tehnik casting(nek ora kliru).

Terus nyambung crita nang duwur.Mbuh lagi apes apa durung rejekine bola-bali nguntalna pakan kodhok nang kanggungan ning ora ana gabus(bayong jeneng lokal) nyamber.Batinku !apa gabuse(bayong)sentimen ora gelem mangan pakanku.Kancaku malah ngedumel dewekan alias pada bae.

.iwak gabus(bayong)

Aku karo kancaku ngaso tangan nganti pegel.Pancing dudul sengaja tak panjer nang kangkungan.Mbok menawa ana banyong nyasar mangan pakanku.Karo ngobrol bareng kancaku gumun banget deleng pak Taslam sing terkenal wektu semana jago mancing.Wis ora keetung pancing dudule di samber iwak bayong gedhe-gedhe maning.Apa ana jampine....?batinku wektu semana.Pancing dudulku kayane durung sepisan tak sendal.

Lagi gumun kara pak Taslam senar pancingku kayane ana sing narik."Wah bayong gedhe....!"batinku.Alon-alon senar tak tarik katon abot banget.Kancaku melu ngrewangi katon ana sing katut.Bareng meh tekan galengan blaik..."Ula kadut gedhe selengenku.Pantesan abot banget ora ulih bayong malah ula kadut....sial banget...!" Kancaku ngguyu kepingkel-pingkel.

Senarku sidana tak pedhot ben rugi ora ngapa.Apa ora lucu bali ngomah nggawa ula kadut dudu bayong.Bisa-bisa di geguyu wong sekampung.Aku karo kanca mandeg mancing dudule.Nonton pak Taslam sing tak akoni paling jago angger mancing dudul.Mesti ulih akeh bayonge gedhe maning.

Kebeneran pak Taslam kenal karo Bapakku.Ngerti aku ora ulih iwak bayong malah ula kadut mbokan melas,di wenehi bayong 2 lumayan gedhe.Aku bungah bisa di gawa ngomah nggo lawuh mangan bengi....Tur nuwun pak Taslam .....!?


dudul kangkungan.

Komentar

post populer

TUJUH KULINER BAWAH JEMBATAN JANTI YANG PERLU DI COBA

MAS FAUNG PENJAHIT KELILING JOGJA

Taman Wisata Wana Griya PANTAI COGREG

Reperasi Tas&Koper Mas Kambari Depok

USAHA MAINAN DAN JAJANAN DI SEKOLAHAN TAK PERNAH MATI

SOL SEPATU MANG RIDWAN DI JALAN PROKLAMASI UJUNG DEPOK

BIKIN SOTO GOMBONG DAN MENDOAN RESEP DARI BISIK-BISIK

DARI MANA IDE SEBUAH TULISAN